Wednesday, September 14, 2016

Ora Kathokan

Bis jurusan Wonosari mandeg neng Pasar Piyungan Yogya, Ono simbah-mbah mudhun ngelungné ongkos duwit nèng kondèktur:

  • Kondektur: "Mbah.. Niki ongkose kirang..?!"
  • Si Mbah Putri: "Kurang kepriyé?"
  • Kondektur: "Nggih jelas kirang ... mosok namung limangatus..?"
  • Si Mbah Putri: "Lho.. mau ono bocah mbayar sewu mangatus, terus ono sing mung sewu..?".
  • Kondektur: "Mbah.. Laré sing kathok (celana panjang)  abu-abu wau laré SMA mbayar sewu mangatus, sing kathokan pèndèk (celana pendek) biru wau laré SMP mbayar sewu."
  • Si Mbah Putri: "Lho nèk ngono kuduné aku ora mbayar.."
  • Kondektur: "Lha mboten mbayar pripun..?"
  • Si Mbah Putri: "Iyo no... lha wong aku ora kathokan.!!

No comments: